CENIL
Cenil panganan tradisional sing digawe saka tepung ketela. Rasane manis, teksture kenyellan mendeng lengket. Bentukke akeh ono seng lonjong, bunder lan kotak tergantung selerane seng nggawe. Warnane pirang-pirang ana sing abang, ijo, kuning, lqan putih. Lan kange nglengkapi neng nduwure ditaburi parutan kelapa dicampuri gula pasir.
Kanggo nggawe cenil dibutuhake bahan-bahan yaiku tepung kanji, banyu umub, banyu atis, pewarna panganan ( abang, ijo, kuning, putih ), kelapa parut lan gula pasir. Cara gawene mending gampang, yaiku tepung kanji dicampur dadi siji karo banyu atis kanthi rata. Sakwise dicampur nganti rata banjur banyu anget dituangke ning adonan mau, diuleni adonane kanthi kenyel lan biso dibentuk. Adonan mau dibagi lan dikei warna sing dikarepake banjur dibentuk, biso bunder-bunder, kotak-kotak, lan liane tergantung selara sing nggawe.
Jaman saiki mendeng langka sing dodol cenil amarga jarang wong seng reti panganan cenil. Jajanan tradisional wes akeh seng ditinggalke amarga akehe jajanan mancanegara seng luwih menarik, padahal jajanan tradisional iku ora ono bahan pengwete bedo karo jajanan mancanegara seng akeh nemen pengawete. Mula kui awake dewe kudu nglestarikke jajanan tradisional, ojo ngasi kalah saing karo jajanan mancanegara.
Nama Kelompok :
1. Amanda Ika Pradita
2. Luthfaturrohmah
3. Retno Sari
4. Sofi Ekiana Putri
Kelas : X IPS 1
Tidak ada komentar:
Posting Komentar